Cerita Jawa : Sultan Agung Raja Mataram
• Nalika wayah isuk ing Kutha Gede, rakyat pada bela sungkawa amarga kelangan raja sing ditresnani. Bumi Mataram kelangan rajane nalika mbebedhak ana ing alas. Mula sang Prabu antuk gelar “Panembahan Seda Krapyak”. Almarhum Raja Mas Jolang disarekake cedhak Mesjid Agung kutha gede. Pasareane sesandingan karo pasarean Ramane, Panembahan Senapati. Cedhak karo pasareane Ki Ageng Pamanahan, wong sing pisanan ngedhegake Mataram. Ana ing pendapa keratin, putra – putrane almarhum Mas Jolang wis pada teka. Ing kana Adipati Mandaraka ngumumake sing bakal nggenteni lenggahi tahta kerajaan. Sing kepilih dadi raja yaiku Raden Martapura. Ananging Raden Gandi ora setuju amarga ana sing luwih pantes dadi raja yaiku kakang paling tua Raden Mas Rangsang. Nganti wisudane Raden Martapura dadi raja, Raden Martapura ngerti yen dheweke ora pantes dadi raja. Banjur Raden Martapura nyerahake menawa sing dadi raja yaiku Raden Mas Rangsang. Rakyat Mataram sorak rame nyambut raja Mataram kaping 3. Raden Mas Rangsang kaparingan gelar Sultan Agung Senopati Ing Alaga.









